Bayan Semun Story : Lompat Guling
Withing trisna jalaran saka kulina ,..
Ungkapan iki pancen tepak kanggo ngambarke hubungane Aye karo shinta ,.....
Mergo sering chating dewe cah loro, ora nate ngajak kanca milis liyane
akhire cah loro resmi jadian, tanggal 14 wulan loro tahun winggi
didadekne tanggal resmi jadian mesisan nepak-i dino palentin ,.....
tanggal 14 pebruari 2006 wingi genap setahun Aye karo Shinta olehe
pacaran,.... kanggo memperingati setahune pacaran Aye karo Shinta arepe
ngrayake nang Mediun mesisan ngenalne karo wong tuwane ,......
Cah loro janjian budal nyang mediun numpak bis ,...ben rodo gayeng nang
perjalanan dewek-e milih mudun solo terus nyambung lewat tawangmangu ,
cemarasewu, sarangan, ngerong, plaosan, magetan,
ngorang-ngareng,......nembe mediun,.........
Tapi ndelalah pas tekan sarangan colt L300 sing ditumpaki ndadak
mogok,.....padahal jam wis nunjuk angka 09.00 wengi,....setelah debat
eyel-eyelan cah loro akhire milih nginep nang Sarangan , mergo malem
minggu losmen nang Sarangan wis podo kebak ,....ono siji sing isih
kosong nangin dipane mung siji,.......
"Piye iki mas Aye" Jare Shinta , "Yo wis ora opo opo, mengko aku tak
turu nang jobin" jare Aye nduduhke kesatrian-ne,...
Akhire cah loro mlebu nang losmen ,...Shinta mapan nang kasur (Wegah
adus mergo sarangan adem), Aye njereng slimut njajal turu nang
jobin,.....lagi limang menit olehe turu Aye tangi munggah kasur nyedeki
Shinta ,.."Dik anyes tenan je, piye aku tak turu kene wae yo" Jare
Aye,....Shinta meneng sedeluk terus semaur,....Yo wis nanging dipageri
guling yo, kan awake dewe durung resmi dadi suami istri,....
Sak jam , rong jam , cah loro isih durung iso turu mung kethap kethip
wae , bathine Shinta walah bocah iki kok meneng wae tho,...yo uwis turu
wae lah,.......akhire cah loro keturon ,....moro moro srengenge wis
mencungul,......(hayo ngeres kabeh yo pikirane)
Cah loro cek out ,...menyat arepe muleh, nang ndalan Aye nukokne topi
sing ono tulisane "sarangan" kanggo Shinta,.........(mesra tenan ya)
Pas mlaku mlipir telogo ujug-ujug,.......wuuuussss angin gedhe,....
topine Shinta mabur duwur banget ,.....Aye dengan semangat 45
nguber,.... opo wae diterjang pager tembok siji setengah meter dilompati
hupppp topine bablas cemplung telaga , moro moro Shinta nangis
gero-gero,......."wis ora usah nangis mengko tak tukokne maneh ? " jare
Aye ,......
"aku nangis ora mergo topi , aku mung gumun pager tembok 1,5 meter iso
kok lompati kenopo dek bengi pager guling sing mung limolas centi ora
iso kok lompati " ,..........
Catatan :
Cerita ini adalah kejadian nyata,..
Untuk menjaga kerahasiaan pelaku nama nama sengaja disamarkan,........